PAK SUNAR TIYANG ALIT


Panjenengan niki Pak Sunar?


Nami kulo Sunar. Kulo niki tiyang alit mas. Mboten ngertos napa-napa. Lor kidule negoro niki nggih kulo mboten mangertos. Asmane pak presiden niku mawon ngertose nggih saking kanca ingkang makempal dateng warung yu gemak.


Enjing, kulo ngrencangi Bu Lurah. Jan jane nek mboten wonten kulo nggih Bu Luah mboten kerepotan. Wong kulo namung mirengne Bu Lurah nembang. Piyambake namung nyuwun direncangi. Kulo nggih mung meneng cep, mboten mangsuli napa-napa.


Radi siang kulo diutus maem. Lawuhe nggih reno-reno. Kadang mung sambel tempe. Kadang kala nggih dilawuhi pitik jawa. Kulo syukuri mawon, sedoyo niku. Lha nek enjing, kulo mung sarapan sego tiwul kiriman Dik Ragil. Adik kulo ingkang paling alit. Nggih sami kerenipun, namung adik kulo niku pangerten. Sak wontene dibagi.


Dalune mboten mesti. Kadang madang, kadang mboten. Njagakne mas Pri bakul gedhang godog. Niku nggih mboten tumbas, mung diparingi. Jian, tiyang tiyang niku sae sedoyo kalih kulo.


Putro kulo sampun dados tiyang ageng. Byuh, kulo senenge ora kaprah. Putro namung setunggal. sak niki urip kaliyan bojo lan anak-anake. Rejeki tumplek blek. Nyambut damele mung mbelo tiyang alit ngonten kok. Tapi artone sak pirang-pirang. Lha niku, toko bahan bangunan ngajeng peken niku, ingkang gadah putro kulo.


Garwane dateng pundi-pundi mbeto sedan, yen ditumpaki rasane empuk lan adem. Putrane nomer setunggal pinter merakit. Kulo mboten ngertos merakit napa. Angsale ngilmu saking negeri jiran. Negeri ingkang tebih niko lho, kulo dereng mangertos manggene negeri jiran, si Abdul sanjang yen dateng negeri jiran, katah tiyang pinter, nggih salah sawijine putu kulo si abdul niku.


Putu kulo ingkang alit, namine Rahmat. Taun wingi tamat sekolah. Mboten ngertos sak niki pripun kabare. Mugi-mugi mawon sae sedoyo. Pun setahun niki kulo mboten kepanggih putro, mantu lan putu. Tirose para tanggi, fotone si Abdul dipajang ing koran. Kulo nggih mung mbatin, paling si Abdul angsal kapercayan kaliyan pemerintah, amargi si Abdul niku pintere mboten gemen-gemen.


Tapi, Bu Lurah sanjang yen Abdul niku teroris. Teroris niku nopo kulo nggih mboten radi paham. Wong Bu Lurah niku senengane nembang, kulo kinten niku mung guyonan kemawon.


Bapak mboten natos mirengne berita wonten TV?


Nggih mboten to mas. Pun setaun kepungkur, mripat kulo mboten saget mirsani. Tirose pak dokter, mbetahne arto katah menawi pengen mari. Lha tiyang alit kados kulo niki, angsal arto saking pundi? Mangan lawuh sambel tempe mawon pun sae sanget.

Jan jane kulo nggih kangen kalih putro. Nanging kulo bingung, pripun carane kulo kepanggih. Biasanipun wonten tiyang utusane putro, ingkang mriki ngirimi arto kaliyan beras cap mentik. Ket setaun niko, mboten mriki malih tiyangipun. Kulo entos-entosi. Kulo arep-arepi.


Dados Pak Sunar leres mboten ngertos nek cucu lan putra bapak niku teroris?


Mboten mas. Nuwun sewu nggih mas, teroris niku nopo to?


Teroris niku tiyang ingkang pinter ngrakit pak. Ngilmu tebih dateng negeri jiran. Sami persis ingkang dicritakne putu panjenengen.

Comments

mediiii said…
ini fiksi apa hasil wawancara beneran yah? terinspirasi dari kisah nyata?

jadi penasaran pengin ngobrol sama pak Sunar. Semoga hidup beliau dimudahkan oleh yang Maha Kuasa.
septi sutrisna said…
hanya fiksi kok, sekedar imajinasi ;p
mediiii said…
walopun pendek, ceritanya lumayan menarik, enak dibaca. tapi musti tau basa jawa yah :D
strez said…
wah tulisan yang luar biasa indah :)

sugeng rahayu jeng
simple shoes said…
bingung mau comment apa... ngga begitu bisa bahasa jawa kromo hehehe... salut deh bu